Minggu, 06 Januari 2013

SESORAH

Pangertosanipun Sesorah
Sesorah utawi pidhato inggih menika matur wpnten ing ngajengipun priyantun kathah ingkang nggadahi ancas gumathok kaliyan swasanipun. Priyantun ingkang nglampahi sesorah dipunsebat pamedhar sabda. 
Tujuanipun sesorah, inggih menika :
  • Kangge nyaosi pangertoisan dhumateng priyantun sanes utawi priyantun ingkang midhangetaken 
  •  Kangge nyaosi pepenget/pemanggih
  •  Kangge nyaosi pengaruh dhumateng priyantun ingkang midhangetkaen supados tumindak kados ingkang dipunsuwun dening pamedhar sabda
  •  Kangge nyaosi panglipur dhumateng ingkang midhangetaken 
  •  Kangge  mengaruhi para pemirsa
Rantamaning Pokok Sesorah
  • Salam pambuka
  • Purwaka
  • Isi
  • Dudutan wacana (kesimpulan)
  •  Pangajeng-ajeng
  • Wusana (penutup) 
conto sesorah :
Assalamualaikum Wr. Wb.
 Bapak kepala sekolah sarta bapak ibu guru ingkang kula kurmati, Kanca-kanca kelas VII, VIII, IX ingkang kula tresnani
Langkung rumiyin, sumangga kita sadaya ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah Ingakang Maha Agung, awit kita Bangsa Indonesia sampun kaluberan berkah saha sih nugrahanipun, katitik kita sadaya saged mangayubagya pahargyan pengetan Kamardikan kita ingkang kaping 66 tanggal 17 Agustus 2011.
Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati, Kanca-kanca kelas VII, VIII, IX ingkang kula tresnani.
Kula minangka ketua OSIS enggal periode 2011-2012 ngaturaken agunging panuwun dhumateng kanca-kanca ingkang sampun paring kapitadosan dhumateng kula sekanca pengurus OSIS, mugi-mugi amanat kalawau saged kaleksanan kanthi sae.
Salajengipun kula nyuwun pambiyantu saking kanca-kanca supados menapa ingkang dados rencananipun pengurus OSIS saged kaleksanan. Kejawi meika kula sakanca ugi nyuwun pitedhah saking pengurus OSIS peride 2011-2012.
Ingkang pungkasan kula nyuwun donga pangestu saking panjenengan sedaya mugi-mugi pengurus OSIS 2011-2012 saged langkung sae tinimbang pengurus saderengipun.
Wasana cekap semanten atur kula, kirang langkungipun nyuwun ngapunten
Wassalamualaikum Wr. Wb 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar